B. Daerah

Pertanyaan

sebutna lan jlentrehna perangane layang ganep

1 Jawaban

  • Perangane Layang Ganep, yaiku:
    1. Titi mangsa, yaiku perangan kang nyethakake wektu lan papan panulise layang.
    2. Adangiyah, yaiku perangan kang nyebutake marang sapa layang ditujokake.
    3. Purwaka basa, yaiku perangan sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng.
    4. Surasa basa, yaiku perangan isi layang utawa kang dadi wigatining layang.
    5. Wasana basa, yaiku perangan pungkasane layang, isine nyuwun pangapura manawa ana tetembungan sing kurang prayoga.
    6. Paprenahan, yaiku perangn kang nyethakake sapa utawa kaprenah apa kang gawe layang.
    7. Tapak asta lan asma panyerat, yaiku perangan kang nyethakake tapak asta/tandha tangane sing kirim layang lan jenenge (nama jelas) sing nulis layang.

Pertanyaan Lainnya